Selasa, 01 Maret 2011

UDAN WAYAH SORE




udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon

nanging tetep tak tunggu tekamu ***
WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU

rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen ***

Jumat, 25 Februari 2011

geGuriTan

KEDUWUNG

Keduwung rasane aku
Ninggalake lemah padesan
sing nggawa sayuta crita katresnan 
Sawah pategalan sing dadi papan panguripan

Ing kutha metropolitan iki
Biyen aweh sewu janji 
Agawe ayem tentreming ati 
Jebul tanpa bukti
Ing kene mung daksipati
Wong-wong padha ngumbar nepsu
Ngluru kasukan npipta kadurjanan

Kaduwung rasane aku
Ninggalake gubug ing padesan
Papan kumpule sedulur sapaturonan

Isi Geguritan iku yaiku:
        Gelo ninggalake desane sing dadi papan panguripane.Ing kutha metropolitan sing diweruhi wong ngumbar nepsu lan nyiptane tumindak ala.Lan abot ninggalake papan kelairane neng desa.