Jumat, 25 Februari 2011

geGuriTan

KEDUWUNG

Keduwung rasane aku
Ninggalake lemah padesan
sing nggawa sayuta crita katresnan 
Sawah pategalan sing dadi papan panguripan

Ing kutha metropolitan iki
Biyen aweh sewu janji 
Agawe ayem tentreming ati 
Jebul tanpa bukti
Ing kene mung daksipati
Wong-wong padha ngumbar nepsu
Ngluru kasukan npipta kadurjanan

Kaduwung rasane aku
Ninggalake gubug ing padesan
Papan kumpule sedulur sapaturonan

Isi Geguritan iku yaiku:
        Gelo ninggalake desane sing dadi papan panguripane.Ing kutha metropolitan sing diweruhi wong ngumbar nepsu lan nyiptane tumindak ala.Lan abot ninggalake papan kelairane neng desa.

7 komentar:

  1. MUSPRO

    Sajroning atiku ngerteni sliramu
    Nanging apa sing tak rasakake
    Sliramu tansah gawe lara
    Tanpa krasa ngumbar rasa

    BalasHapus
  2. Ibu,yaiku sosok wanita kang sabar
    Ngrawat aku saka cilik nganti gedhi
    Ngrawat kanthi rasa ikhlas lan tanpa pamrih
    Ibu,,jasamu akeh lan ora tak lalekne

    BalasHapus
  3. Kali Cilik Ngarep Omahmu

    : kenangan kanggo wanita sing ilang


    kali cilik ing ngarep omahmu kuwi
    saiki banyune buthek, kebak lendhut
    lumut-lumut ijo lan iwak-iwak cethul
    saiki paling klinter lemut lan uget-uget

    kali cilik ing ngarep omahmu kuwi
    kamangka biyen resik lan bening banyune
    nalika bali sekolah biyen aku tansah lungguh
    namatake resike banyu kali cilik
    kimplah-kimplah beninge kaya mripatmu

    BalasHapus
  4. sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    BalasHapus
  5. PEPADANG BAKAL TUMEKA

    angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
    mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
    bumi kang kapidak kebak sinengker
    anggawa ganda bacin
    manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
    peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

    wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
    pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
    kanggo kita sami jalma manungsa
    kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
    amadhangi sakendhenging jagat raya
    mara gage kita sami tumenga ing angkasa
    mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
    kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
    mangestu nampi pepadhang .....

    BalasHapus
  6. sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    BalasHapus